Kamis, 11 Maret 2010
Home Peyang Panjul Penangkal Pete
Penangkal Pete
Ditulis oleh inyonge   
Jumat, 17 April 2009 15:34
peteKang Peyang jan ora lumrah. Sing arane hobi mangan pete kue ora ana pole. Nek bojone masak apa baen njaluke karo pete. Njangan oseng-oseng kangkung, njaluke dicampur pete. Njangan kethewel ya karepe dicemplungi pete ben rasane kaya ana daging2e sepetit jere. Apa maning nek bar mancing maring kali mburi omah olih iwak melem atawa lunjar, wis kudu lalapane nganggo pete. Semboyane dheweke jere kaya iklan minuman terkenal....apapun makanannya....pokoke ana pete.

Sakjane masak pete iku ora sepira kesele,  jere bojone. Tapi ya kue....pasca operasi pete …sakwise madhang kuwe sing perlu diwaspadai.

Lha pimen…kamar mandi sing maune mambu wangi…dadi mambu deodoran rasa pete. Nek kandaan karo kang Peyang kudu nutup irung terus merga ora tahan semerbak wewangian khas pete.

Tapi Kang Peyang tetep nekat karo hobine sanajan akeh dampak global akibate.

Saking sengite diomehi baen karo bojone akone ngilari pete, Kang Peyang kepeksa golet cara pimen ben tetep bisa nyalurna hobi berate mangan pete anangin bisa meminimalisir dampak ekologi sing ditimbulkan (weleh.. kaya bahasane pejabat lingkungan hidup ya). Jane Peyang wis takon neng ngendi2 karo sapa2 tapi ora ana jawaban sing pas karo atine. Akhire neng ngendi maning nek ora takon maring bathir soulmate yaiku Panjul.

 

Peyang : “Njul, ngeneh sedela lah, Inyong arep kandaan serius kiye”.

Panjul   : “Ana apa sih Kang koq sajak wigati banget…?”

Peyang : “Kiye ana salah sijining hobi inyong tapi jere merusak lingkungan global..”

Panjul : “Bahasamu kue lho …Kaya pejabat bae…kayane abot temen masalahe, lha pimen..?”

Peyang : “Rika khan ngerti hobine inyong mangan pete.”

Panjul   : “Wakakaka…..Lha ya ora ngerti maning….lha ganu khan sering karo inyong maring kebone mbah Kirtun met pete bareng2 nganti mabok mergane kuaregen pete…!Durung mareni apa hobine rika sing awit cilik kuwe?”

Peyang : “Pimen maning, wis kadung tresno Njul, angel gole mareni, paribasane pete is the best. Justru inyong arep takon karo ko pimen carane ben inyong tetep bisa mangan pete tapi ambune sakwise mangan kuwe bisa ilang….”

Panjul : “Oalah Kang....Kang…gitu aza koq repotzz …Kaya kue be puyeng2…Nek gur kaya kuwe sih inyong bisa njawab. Dijamin jawabane memuaskan!”

Peyang : “Iya tapi gageyan jawabane apa….inyong temenan pingin ngerti ben ora dipaido terus karo bojone inyong….! “

Panjul: “Nek Kang Panjul pengin mangan pete tapi ambune pete ben bisa ilang….gampang banget.....njajal baen resepe inyong..….bar mangan pete terus mangan jengkol!!!!!.”

Peyang : *!?#!?X???...Penjorangan ko ya Njul..... serius temenan kiye…”

Panjul: “Iya..inyong juga serius…..Jajal baen nek ora percaya…..bar mangan pete langsung mangan jengkol, mesti ambune pete ilang…….”

Peyang : “Lha seteruse, urusane mambu jengkol pimen…tanggung jawabmu ya……ngeneh tek bithi sisan ko..!!!”

(Panjul mlayu kapicirit ngumpet maring omahe juragan jengkol….)
Komentar (0)add
Tulis Komentar
smaller | bigger

security image
Tulis kode SPAM di atas


busy
 

BISNIS TERDAHSYAT